Assalamu 'alaikum Wr Wb
aku gawe blog iki tak nggo latihan sing sepisane. Trus kaping pindone tak nggo nyimpen wacan sing oleh soko Blog-blog sing wis tak woco, sing ketoke penting nggo saben dinone. la mergone nek gak tak simpen aku iso lali... he..he.. maklum danggling. kaping telune... menowo konco-konco nek enek sing merlokne tulisan sing tak simpen neng kene.. monggo silahkan di woco. di kopi yo oleh.
O yo.. kanggo konco-konco sing pengin adol Pulsa yo iso hubungi aku.. modal 30 ewu wae wis iso. gratis registrasi. kanggo bolo kenthel.. iso lo.. tanpo modal.. dadi ngene : adol pulsa nek wis payu lagi setor duwite.. Penak To??? tapi yo kuwi kudu tenanan, iso di percoyo. mengko kadung langganan trus mlayu.. he..he.. ngono kuwi jenenge gak bolo..
Trus kanggo konco-konco sing merlokne Undangan yo iso pesen.. regone murah lo... iso nganggo foto.. tapi foto o dewe. soale aku gak nduwe kamera.. he. he. contone iso di delok neng konterku.. kuwi lo neng kepoh kidul prapatan.. nggone Salsabila Cell. kidul warunge mbah Pani.
Sing perlu Piagam yo iso pesen neng kene...
La trus nek mbukak Internet. Contone : Email, Facebook, Twiter, Yahoo lan liyo liyane. weee.... teko wae rene. iso pokoke. nek Game Online koyo Poin Blank lan liyo liyane jik cita-cita iki, duwite jik nyetak..he..he..
lha trus umpamane ngene : waduh kang.. aku gak iso internet ki piye?? santai wae rene mesti tak warahi. gampang. ada kemauan ada jalan.. ngono lo jarene..
trus maneh meh wae lali.. nek arep blonjo teri, gerih, lombok lan kebutuhan pawon kanggo sak bendinane.. yo enek..
wis to POKOKE nggone Salsabila Cellular/Internet ki Komplete..
servis komputer yo iso...
motone : I KNOW WHAT YOU WANT.
artine opo yo kuwi?? kanggo konco sing ngerti trus sing berminat pos koment yo!!!
Post a Comment